Senin, 25 Januari 2016

ARTIKEL BAHASA JAWA KULINER GATOT



ARTIKEL BAHASA JAWA KULINER


GATOT

Elek Rupane Enak Rasane




Panganan asli saka tlatah Gunungkidul iki pancen ngangeni kanggo piyayi sing remen karo masakan sing bahan dasare saka telo iki, yen di delok saka rupane pancen ora nggambarake yen dharan iki ngemu rasa sing khas lan marai kangen ana ing ati lan.

Di delok saka carane gawe pancen butuhake wektu sing lumayan suwe amarga kudu ngliwati cara-cara lan karuntutane, ananging kabeh rekasane mau iso kebayar lunas karo rasane gatot sing duweni cirri kha dhewe. Wektu dicokot pancen rodo ulet nanging yen wis gathuk karo ilat duweni rasa sing maneka warna saka legi, gurih, kecut, lan asin.

Saka warna lan bentuke gatot iku kalah apik karo panganan khas saka daerah liya. Warna lan bentuke mau isa agawe mergo saka proses olahane sing kudu di peme ana ing watu nganti thukul jamur ana ing sak ubenge telo. Sabubare di peme kui mau bentuke gatot iso kacipta marga saka proses di kungkumke banyu nganti warnane semburat ireng, yen wis nuwuhake warna ireng pengolahan sateruse uga iso di terusake kayata dinei gula jawa ben rasane gatot legi lan uga bumbu liyane. Wayah di sajekke ana ing wadah, biasane diwenehi parutan kambil kanggo nambahake rasa gurih ana ing gatot.







Tidak ada komentar:

Posting Komentar